Serat Pangayoman

Serat Pangayoman

  • May 22, 2015

Saben manungsa nduweni kabisane dhewe-dhewe lan nduweni daya kanggo miwitine. Panjenengan bisa nggawe paribasan mot-motan sing bisa digawa dening kewan. Menawa Panjenengan nyawang gajah, dheweke bisa ngemot mot-motan sing abot banget. Dibandhingake karo apa sing bisa diemot dening gajah, jaran bisa ngemot luwih sathithik, nanging dheweke tetep bisa ngemot cacahe sing luwih gedhe. Kabisane wedhus kanggo ngemot mot-motan luwih cilik tinimbang jaran, nanging tetep bae kita bisa ngarani mot-motane wedhus. Saiki, tikus ora sakuwat wedhus lan dheweke amung bisa ngemot saweneh gram mot-motan sing bisa diemot wedhus, nanging tetep ana kabisan kanggo ngemot. Ayo kita gatekake semut. Dheweke mesthi bae kewan sing cilik nanging Panjenengan uga weruh dene semut cukup kuwat, bandhingane antarane bobot badan jasade karo kabisane kanggo mindhahake barang sing bobote luwih gedhe menyang endi-endi – ora bisa dibandhingake karo tikus lan kalah sathithik karo gajah. Senajan kaya mangkono, tikus nduweni kabisane dhewe kanggo ngemot barang. – Guru Dagpo Rinpoche, Transkrip Bahasa Jawa “Serat Pangayoman”, Hal. 23, 2015 –

*Bagi yang ingin mendapatkan Transkrip Hardcopy, bisa menghubungi Call Center KCI di 0815.7321.0000 atau Pin BB 2666BA04. Terbuka kesempatan untuk berdana pencetakan dan pendistribusian teks-teks dharma.