Mula, ing serat kasebut Buddha nuduhake marang nggladhi sila. Nggladi sila iku klebu sila kang ditindakake dening pasamuwaning para Sangha, nanging uga nuduhake marang tumindak kanggo ngedohi tumindak-tumindak kang nduweni sipat dhasar kleru utawa ala. Tumindak iki ora mesthi ana ing daptar sila, nanging sacara alamiah nduweni sipat dhasar sing kleru. Sembahyangan iku nuduhake marang pakarti ya tumindak, klebu pakarti utawa tumindak saben dinane uga tumindak kanggo sapa bae kang wus kapiji. Sembahyangan kapijen kang kurang klebu tata caraning mangan, mlaku lan sakpiturute. Tindak tanduking nduya kang kurang iku nuduhake marang limang prekara bab penggaweyan sing kleru. Panemu kang dimaksut yaiku panemu marang hukum karma lan asil-asile.
Tumrap sapa bae kang ora njaga telung prekara kang wiwitan, naging isih nggandholi panemu sing bener tumrap hukum karma lan asil-asile, ora bakal kalairake ing alam nraka, nanging bakal lair ing alam naga.
Banjur dibabarake dene ing mangsane wulangan dening Buddha Krakucchanda, sangang atus wolung puluh yuta jalma kang bebrayan lan sapa bae kang wus ngeculake kadonyan kalairake minangka naga amerga sambahyang, penggaweyan lan sila kang kurang. Nalika mangsane wulangan Buddha Kanakamuni, cacahe nganti nem atus patang puluh yuta. Nalika mangsane wulangan Buddha Kasyapa, ana wolung atus yuta. Lan nalika mangsane wulangan Guru-ne dhewe, ana sangan atus sangang puluh yuta uga lan bakal kalairake minangka naga. Malah wiwit gurune dhewe mahaparinirvana, kapapat werna kang melu sing nindakake karma ala lan kelangan sila-silane wus mbalik lair maneh dadi naga.
Nanging, diaturake dene, senajan panggladhene jalma-jalma iku ora sejati, nalika jalma-jalma iku mati saka alam naga lan pindhah menyang rupaning panguripan anyar, jalma-jalma iku bakal kalairake maneh menyang alam dewa utawa alam manunga lumantar kapitayaning sing ora kurang tumraping wulangan. Nanging ora kanggone kang wus ngrasuk Mahayana, kabeh bakal mlebu Nirwana nalika mangsa-mangsa wulangan dheweke bakal dadi Buddha ing kalpa kang nguntungi iki.
Sakabehing katrangan ing ndhuwur wus ana ing seratan Lamrim Chenmo. Dadine, prekara wigatine yaiku menawa ana wong-wong kang tumindak ala, akng sila, sembahyange lan penggaweyane wus kurang utawa owah, nanging dheweke tetep nggegem panemu sing bener marang hukum karma lan asil-asile, tetep bae bisa slamet.